SEDULUR PAPAT LIMO PANCER, makna dan arti

Sing nunggal sapetaranagan utawi sa kandung kito kudu ngerti 1. Wujude 2. Jenenge 3. Lenggahe 4. sertone. Poro sesepuh/punjoggo dek jaman kuno yen maringi pitutur marang anak lan marang putu buyute angel dingerteni jalaran ulih maringi pitutur nganggo cangkriman, utowo ngaggo tembungsinadi/samara. Pangandikane punjonggo R. Ronggo warsito ingkang tinulis ing kitab hidat jati puniko yo mengkene. 1. �Bumi kepetek sajrone lemah� iku nemu surasa. Iki tegese wujudku asala saking lemah. Iku bakal bali meneh manyang lemah. Dagingku iku sing dadi nafsu luwamah. 2. �amet geni dedamaran� tegese badanku asale saking geni geni ono sajrone geni. Wahanane dadi nafsu ingsun jenenge nafsu Amarah. 3. �barat ketiup ing angin� tegese wujudku asli saking angin. Ngisep angin ngetokna angin. Wahanane dadi nafsu ingsun iyo iku nafsu suwiyah. 4. �ngansu pikulane warih�. Tegese banyu sajrone banyu badanku asale saking banyu.


Wahanane sing dadi getihku sing dadi nafsu mutmainah. Kabeh mau ana tegese la ana wujude sing ceto lan sing gambling. Senajan ming wujud pitutur ana ing luhur lan nyoto anane. Ingkang mendet saking kawruh kebatinan/kejawan. Iku pada karo �bapa angkasa, ibu pertiwi� iku yo kawruh kebatinan/kejawan, ananging kena diterangno lan gamblang lan nyoto. Anganing bangsane aku lan kowe kawruh kajawan pada ora dingerteni lan ora demen. Demenku ming: 1. Mangan 2. Nyandang 3. jejodohan/turu. Kawruh kejawan ora dingerteni. Saiki ngramalno pertamane ono bumi lan langit. Gusti Allah ngucapna mengkena �Kun Menyakun!� Teka jleg bumi langit uwis dadi seisine. Isine banyu, watu gunung, geni angin lan lintang bulan lan sregenge. Bumi teksih suwung durung ono manungsane. Anuli gusti allah kang moo kuwoso ngumpulno werno papat. Iyo iku bumi, geni, banyu, angin. Anuli didadekno menungsa iyo iku nabi adam solalohungalihiwasalam. Mulo menkono buka2ne yen siro iman/percoyo. kumpulan ilmu pelet Saiki anggoleti utawa ngramalno sedulur papat kalimo pancer. Sing disebut sedulur 4 mau ingkang nuggal saklompok atawa sapetarangan. Makhluk ingkang andueni sipat sipat ingkang podo. Koyoto tunggal bapa, tungga ibu. Ingkang pado jenise.

Iki sedulur papat kalima pancer wujude sing demunung ono ing badanku A. Kakang kawah B. Jabang bayi C. Adi ari ari D. Getih abang. E. Ketokan Puser Iki keterangane: 1. Kawah (utowo disebut kakang kawah) Awit lahir disit dewek mulo disebut kakang jalaran laire disit dewe. Wujude banyu putih metu soko guwagarbane ibu sawise ibu uwat iyo iku sing disebut sedulur sepuh den lenggahno aneng wetan. Winastanan kakangmas sukmodilanggeng. Sertene bubur petak 2. Anuli jabang mbayi lahir. Sing disebut kalimo pancer. Awit iku wujud ilmu pelet birahi menungso. Sing bakale biso mimpin karo sedulur 4 mau. Senajan mimpin iyo ono kalane di pimpin. Dadi emong kinemongan. Iku sertene sekul rong kepel/sekul kepyar 2. 3. Anuli laire ari-ari sing disebut adi ari ari. Jalaran laire sauwise jabang mbayi lair. Mulane disebut adi/weragil. Dipun paring jeneng yayimas sukmadiluwih. Lenggahe onten kidul. Sertene jenang ketan ireng/arang2 kambang. 4. Anuli lair banyu abang/getih amblabar milo yen manungso andueni kagetan deg degan atawa giris/kaget. Jalaran weruh getih amblabar pasti kaget/deg-degan. Iku sing diparingi jeneng kakangmas sukmadilangkung.

Den lenggahno eneng kulon. Sertene bubur abrit. 5. Ngramalno Puser. Sauwise ari ari dipotong iyo iku sing jeneng kakangmas sukmadimulyo, iku ketokane puser den lenggahno onten eler. Sertene jenang bekatul. Milo disebut sedulur papat kalima pancer gunggune nyoto ana papat. Iku wujude siji kawah, loro ari-ari telu banyu abang/getih. Papat ketokan puser anuli den arani kalimo pancer iyo iku bayine utowo menungso. Sing nunggal sekandung utowo sepetarangan. Lan sing ambabar bareng sedino. Saking guwagarbane ibu. Sedulur papat mau pada ambiantu lan podo anjaga lan podo aweh rejeki marang badan ingsun. Milo kito kudu eling marang sedulur papat lan kelima pancer. carane eling mengkene: kowe yen dino kelairane gawe dedaharan wujude bubur werna papat lan sekul rong kepel/ sekul kepyar. Iku mertandane bekti karo sedulur papat lan kelimo pancer. Bekti padha karo ngaweruhi utowo andengeri. Yen siro pinuju gawe dedaharan bubur werna papat lan sekul rong kepel lan meneh gaweo dedaharan sekul digawe tumpeng/ucet 2 deke�kono kekomaran. Lan buah-buahan sing metu saking sajerone bumi. Tumpeng loro demununge marang sing rumekso tanah/ bumi sing ditempati. Kekomaran demunung marang dalan. Dene buah-buahan dununge marang bumi. Iku sing jenenge pala pendem. Bumi iku sing kanggo temumpang aneng badan ingsun jalaran bumi diidek-idek, diperangi,diisingi, diuyuhi. Dene dalan diidek idek saben dino. Milo digawekno komaran pala pendem supaya anjaluk sing slamet. Iku dununge lan dodok silihe kowe kabeh. Iku supoyo ngerti maring dunung-dununge. Milo yen menungso kudu ngerti karo capean. Capean ngarani blangkon, sing jeneng blangkon kowe yen during gamblang kudu takon.

Wong sing akeh, bodo ampungan. Pinter nora purun takon marang wong sepuh. Saiki nerusna urusan gawe slametan. Mestine, yen biso, anuli ngingkung, ulam pitik/rosulan. Mangkene, katerangane nabi sing keri dhewe Nabi Muhammad Solallohu Ngalaihi Wasalam. Mongko, akehe nabi, 42. Kanjeng nabi, dipunparingi pangkat/ pegawean kersane ingkang moho Agung/ Gusti Allah. Iyo iku, nabi rosul: pegaweane dikon nekseni poro umat ing alam dunya kabeh. Milo, yen siro masrahna/anjawabna slametan ojo ngasi bekti dahar dumateng gusti rosul iku keliwat. Nabi Muhammad ora mangani rasulan, sing bener mengkene. Sarehning aku kowe due panutan, nabi Muhammad gusti Rasul iku lagi diemut-emut utawi icuk icuk lan lagi diuri-diuri yen tembung muri-muri iku bener apa ora yen ngabulno kudune ono keterangane, eman eman yen ora ngerti. Gletak petele, menungsa, kudune matur nembah nuwun karo sedulurmu 4. Tegese, siro kudu sering aweh bekti/ slametan. Iku, bekti karo awake dhewe. Carane piye olehmu arep males budi karo sedulurmu 4? Mangkene iku luwih gampang. Siro, kudu eling Sair onten ing alam dunyo nganti siro bali maring Delahan/ tanah. Iku, siro dibantu aneng sedulurmu 4. Selawas urip nganti suko lan duko. Kabeh, karepe manungso dituruti ananging manungsane sok ora eling. Nganti sedulur 4 andresulo. He, menungso. Sedulurmu elingno lah sing demung eneng ngarep mburi kiwo tengen awakmu. Opo jasade/ pegaweane sedulur 4 mau? 1. Kakang kawah. Kawah iku sing gawe daya pengasihan marang sepada pada.

Yo iku banyu putih/ kawah. Iku mau sing asale saking bapak. Ingkang kagungan tresno marang ibu. Dadi tresno lan asih mau andayani marang putro. 2. Adi ari ari. Sing aweh daya kekuatan saking pangan awit ari ari iku kanggo wadah sarino pangan. Sing kanggo ngurip- ngurip si jabang bayi. Rikala teksih demunung aneng guwa garbane ibu. Sing 9 wulan lawase senajan jabang bayi wis lair ono ing alam dunyo iku sing jenenge ari ari tesih ngrewangi aweh rejeki marang menungso. 3. Getih. Getih iku sing aweh daya panas marang badanku sing biso aweh kekuatan uripku awit iku perangan iyo iku sing dadi kekuatan uripku. Sebab getih iku ngandut sarine zat- zat anergi, vitamin ingkang ambantu kekuatan, ingkang mbantu marang badanku sing wani mati. Iku banyu abang milo ono omongan banyu putih asale seko bapak, banyu abang asale seko biyung. Milo ono sesaji bubur petak lan bubur abrit. Milo bendera kito iku abang putih. Iku mendet saking badan kito. Milo yen siro dino wiosane ojo keri bubur abang putih. Mertandakno siro bekti karo sedulurmu 4. Ingkang ambiyantu sandang lan pangan. Sarino lan sawengine. 4. Puser. Puser sing aweh doyo nguyu- nguyu marang karep utowo marang karep. Utowo doyo kraatif lan kasosialan.

Yen wong ora due sosialan iku sok diarani wudele bodong iku maknane wudel lan puser puniko. 5. Pancer. Sing jenenge pancer yo iku badanku utowo rogo. Badan iku, sing biso mimpin utowo momong karo sedulur 4 mau. Ojo ono sing menonjol ngungkuli sedulur liyane. Carane ngaturake nembah nuwun karo sedulur 4 mau. Iku monoh gampang wae yo iku sarono utawi sranane puoso saben dino klairane utowo wetone. Siro ora mangan, ora turu, ora minum sa dino sawengi suene. Wiwit jam papat sore nganti jam 6 pendake sore. Yen siro arep nglakoni yoiku aneng dino kelairane 36 hari sepisan nganti ping 7 kelairan utowo 7 weton ora mangan ora turu, sujud marang ingkang Moho Kuwaos/ Gusti Allah. Iku segala gala seklingane gampang olehe golet sandang pangan. Iku ono meneh sedulur papat kalima pance ing kang demunung ono ing ngamarto/pendowo. 1. Prabu punta dewa loro atawa samiaji 2. raden wekudara/bimaseno 3. raden arjuno/danang joyo 4. raden nagkulo 5. raden sedewa Sing jeneng pancere iyo iku puntadewane sing anduweni watek sabar lan nrimo. Mulo yen pancer iku pancene badan kito. Pancen sing jeneng wayang iku pancene layangane kito. Utowo gambare menungso. Kabeh milo kirangbara kitaniru kaya watek wateke punta dewa. Putadea wateke suci lan adil palamarto. Awit kadungan banyu putih minangka dadi pengikete sedulur papat mau sing wateke rupa rupa. Ananging lewih utama kabeh mau pada mbantu binantu. Sae yeg saekoproyo. Rukun agawe sentosa, crah angawe bubrah. Senajan iku wujude ming limo ananging biso ambrantas mungsuh kurowo sing cacahe 100.

Iyo iku bangsaku kowe kabeh sing watake angkoromurko lan candolo. Milo ana paribasan �suro diro jayanigrat lebur dening pangastuti sedulur papat kalima pancer.� Sing dumunung ono ing jagat royo siji iyo iku manungso sing kueoso sing wakile gusti Alloh. Sing gesang ono ing alam ndunyo. Iki dadi sedulur pancer sing wujudde bineka tunggal ika. Iku gatekno yo. Planet bumi sing gawe duwe alam bangsane gegremetan ono ing daratan lan sandang pangan kaliyan papan marang manungsa sebab hawane panas, lembab/sumuk. Sorote ireng. Saiki planet suryo/srengenge ingkang anduweni alam bangsa brekasakan, angsum daya panas ingkang bisa nganakake geni. Yen tanpo geni menungso ora iso urip. Mesti ora bisa nyuburi panganane mesti jagate mbranang hawane panas sorote abang. Saiki ganti planet candra/bulan.ingkang anduweni alam bangsane iber iberan, angsum daya sejuk. Iyo iku ora adem ora panas. Iyo iku angin.

Angin iku sing dadi napas kito yen ora ana angin menungso ora bisa urip. Awit angin iku nenuwuhna tetukulan iyo iku inti sarine zat-zat urip. Hawane sedeng sorote kuning. Angin iku zat penguripan. Paringane pangeran ingkang moho kuwaos. Iku penting dewe saiki anuli lintang iyo iku planet kartika utawi lintang. Lintang ingkang anduweni alam bangsane iwak loh atawa banyu kalih angsum daya adem. Awit kahanane banyu. Dadi yen umat titahing jagat iki tanpo banyu ora bisa urip. Awit banyu iku agawete tetukulan/tetuhaning kang bakal dadi sandang lan pangane menungso. Lan urip bangsane iwak iwakan. Iwak iku ambutuhna banyu hawane adem sorote putih. Mulo menungsa ingkang dipanjingi nyowo iyo iku paringane gusti ingkang moho kuwaos. Iyo iku sing dadi sedulur papat kalima pancer iyo iku bandan kito sing jenenge menungsa. Mau sawijine umat sing luhur dewe ingkang paringi piranti urip ingkang sampurna. Lan diparingi sugih ngakal dewe.

Wis nyoto bisa ngambah angkoso luar marang rembulan lan bakal bisa ngambah lintang lintang liyane lan bisa sembungan karo umat luwar angkasa. Tur manungsa biso ngambah bumi. Miturut lakune srengenge sing angsung hawa panas lan miturut lakune rembulan ingkang angsum angin. Hawane sejuk lan kanggo lakune pengolahing bumi iku wis ono pernatane mongso dewe dewe utowo perlintangan utowo astrologi. Senajan menungsa ora anggatekno pancen koyo ngono iki. Iyo iku uriping Umat-umat iki kabeh kalian juput sekang sasarining 1. Geni 2. Bumi 3. Angin 4. banyu Iyo iku sing dadine sedulur papat kalima pancer. iku dadi wis nyoto lan gamblang lan ceto. Iki gatekno milo yen sedulur papat mau gede banget jasane lan pigunane. Bisa gawe uriping umat umat kabeh lan sekutu kutu walangataga atawa karo umat menungso kabeh. Nyoto banget sedulur papat kalima pancer pada gandeng renteng sangkut baut lan tarik tinarik lan resep rinesepan lan surupsinurupan dantan biso pisah yen pisah siji wae mesti agawe bubrah tanane negoro/nduyo bakal nuwuhno petakane jagat.

Yen menungsa pada ora eling marang ukum kasunyatan iku mesti ora becik/tuna. Lan iku mesti bakal ditulis eneng sedulur papatmu mau. Sedulur papat mau sing dadi sekang sir papat iyo iku 1. Ono sir bumi 2. Ono sir geni 3. Ono sir angin 4. Ono sir banyu Iku manjinge menyang badan menungso kabeh. 1. Sir bumi sing dadi bandan wadage menungso 2. Sir geni sing dadi panase badan wadangke kito 3. Sir angin sing dadine napas lan roh kito 4. Sir banyu sing dadi roh utawi getih kito Milo sing jenenge sir 4 mu kabeh podo manjing menyang bandan manugso kabeh. Sing dadi hawanefsune manungso kabeh. Sebab yen menungso ora duwe nafsu mesti ora duwe kekuwatan. Iki keterangane meneh sir sing papat. 1. Sir bumi sing sorote ireng dadine nafsu srakah manggone ono ing waduk. Dalane ono inglesan. Mulane yen wong srakah omonge penyongyongan. Wateke buteng jenenge nafsu luwamah. 2. Sir geni, iku sorote abang. Sing dadi nafsu brangasan. Manggone ono ing jantung dalane metu ing kuping mulane wong mbrangasan yen nesu kupinge abang. Iyo iku sing jeneng nafsu amarah 3. Sir angin. Iku sorote kuning sing dadi nafsu birahi/baleg atawi nduweni seneng manggone onoing limpa dalane metu ing mripat milane wong agi brai mripate pendira rangan larak lirik iyo iku sing dadi nafsu suwiyah. 4. Sir banyu sorote putih. Sing dadi nafsu kamanungsan/memelasan utawi suci. Manggone ono ing ati pua.

Dalane metu ing irung mulane wong sing duwe sipat kamanungsaan sipate suci lan jujur, ora nduwe watek goroh. Iku sing jenenge irung. Iki sing dadi nafsu mutmainah. Iki kito tok wenehi weruh sing jenenge sir. Sir iku podo karone demen. Demen kang jrone ati iku sing jenenge sir. Poro pembaca yen siro maca ojo mung maca�ae yo digatekno sajrone nolo/ati. Yo iki juga kitab, kitab jawa, jalaran iki ambeberno kawruh jowo. Hurupe nganggo hurup jawa jalaran iki ambeberno kawruh jawa. Iyo iku sedulur papat kalima pancer/badan sedulur 4 lan kalima pancer den gelar dadi sejagat ye diringkas dadi siji. Sijiku saperti alip. Iki huruf alip ( ? ) Jejeg koyo angka siji pancen alip iku badan kito.
Dapatkan Sample GRATIS Produk sponsor di bawah ini, KLIK dan lihat caranya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.

DAFTAR KEILMUAN

ads

    Mahar: Rp. 100.000 (seratus ribu rupiah)
    Keterangan: Paket 30 Ilmu Pelet Paling Ampuh berisi 30 jenis keilmuan pelet tingkat tinggi asli Nusantara yang sudah terbukti ampuh untuk berbagai persoalan cinta asmara dan keluarga, kami berikan lengkap 30 jenis keilmuan berbeda ini kepada anda disertai khodam keilmuan yang diambil dari ayat – ayat mahabah pilihan sehingga aman di gunakan oleh siapapun tanpa resiko sama sekali.

    Mahar: Rp. 100.000 (seratus ribu rupiah) + ongkos kirim sesuai alamat anda
    Keterangan: Paket Ilmu Sapu Angin Khizib Bayu adalah suatu keilmuan yang sangat luar biasa, hanya dengan satu keilmuan ini bisa mengeluarkan berbagai fungsi yang sangat menakjubkan, seperti memindahkan awan hujan, berkomunikasi dengan ruh seseorang yang sedang tertidur, pengasihan, melancarkan rizky, kekebalan dan kesaktian, pagar ghoib, berkomunikasi dengan khodam, melakukan pengisian azimat, menghilang dari pandangan musuh, menundukkan hewan buas dan masih banyak lagi fungsi menakjubkan lainnya. Tanpa ritual atau puasa. Menggunakan pengisian dari kami melalui garam rajah dan asmak yang akan kami kirimkan kealamat anda.

    Mahar: Rp. 101.000 (seratus seribu rupiah) + ongkos kirim sesuai alamat anda
    Keterangan: Paket Minyak Rajah Al Karomah 1001 Khasiat merupakan minyak yang kami isi menggunakan energi beberapa jenis keilmuan hikmah dan khizib serta ayat – ayat dan doa tertentu yang sangat mustajab. Fungsi dari satu jenis minyak rajah ini setara dengan belasan jenis minyak pelet ampuh yang biasa di jual di tempat para praktisi supranatural. Multi fungsi dan kami juga akan ajarkan anda untuk bisa melakukan isi ulang minyak tersebut. Mahar sangat terjangkau hanya sebagai pengganti biaya minyak dan mahar prosesi serta ongkos kirim saja.

    Mahar: Rp. 77.000 (tujuh puluh tujuh ribu rupiah)
    Keterangan: Paket 30 Jenis Ilmu Kesaktian & Kekebalan berisi 30 jenis ilmu kesaktian dan juga kekebalan tingkat tinggi dengan tuah ampuh luar biasa asli peninggalan nenek moyang Nusantara. Dari ilmu kebal terhadap benda tumpul, pukulan, dan senjata tajam serta peluru. Bisa membuat kaku seperti patung orang yang menyerang kita, halimunan, rawarontek dan masih banyak lagi keilmuan ampuh sakti dan terbukti luar biasa tuahnya ini. Kami buatkan khodam khusus untuk anda dan 30 jenis keilmuan tersebut akan menjadi milik anda semuanya.

    Mahar: Rp. 79.000 (tujuh puluh sembilan ribu rupiah)
    Berisi teknik dalam melakukan gurah hidung dan pernafasan lengkap dengan tata caranya step by step aman dan alami, diajarkan juga cara membuat ramuan gurah tradisional yang alami dan mujarab.

    Mahar: Rp. 977.000 (sembilan ratus tujuh puluh tujuh ribu rupiah)
    Berupa minyak bulu perindu yang sudah di berikan tambahan khusus berupa energi ilmu hikmah dan khizib serta doa doa mustajabah. Anda juga akan di berikan bonus spesial berupa seluruh paket keilmuan yang ada dalam situs ini secara Gratis.

    Mahar: Rp. 500.000 (lima ratus ribu rupiah)
    Paket ini berupa garam rajah dan minyak untuk prosesi ruwatan anda dan keluarga maksimal 7 orang, bisa untuk tempat usaha rumah dan lainnya, sangat ampuh menghilangkan berbagai sengkolo dan kesialan dalam kehidupan.